Langsung ke konten utama

Postingan

Menampilkan postingan dari November 7, 2017

Crita Wayang - Karna Tandhing

KARNA TANDHING Karna kuwi putrane Dewi Kunthi karo Batara Surya sakdurunge Dewi Kunthi kagarwa dening Prabu Pandhu Dewanata. Karna lair saka talingane Dewi Kunthi amarga Dewi  Kunthi duwe aji Adityaherdaya mula jabang bayi kuwi paring asma Karna. Karna nalika isih bayi dilarung ing Bengawan Gangga, banjur tinemu kusir kreta Ngastina aran Adirata lan diaku putra. Minangka putrane dewa, Karna duwe kadigdayan kang linuwih.             Ing negara Ngastina dening Duryudhana, Karna disengakake ing ngaluhur padha drajate karo satriya Ngastina liyane. Karna banjur prasapa menawa selawase urip bakal bela negara Ngastina. Karna uga nelukake negara Ngawangga banjur jumeneng ratu ananging dadi bagiyan saka negara Ngastina. Karna ajejuluk Adipati Karna utawa Adipati Basukarna.             Sakdurunge perang Baratayuda dumadi, Kresna ngrimuk Karna supaya manunggal karo Pandhawa kanggo mbrasta ankara murka yaiku Kurawa. Karna ora gelem kudu nuhoni jejering satriya ora cidra ing janji. Dewi