Langsung ke konten utama

Crita Wayang - Karna Tandhing

KARNA TANDHING

Karna kuwi putrane Dewi Kunthi karo Batara Surya sakdurunge Dewi Kunthi kagarwa dening Prabu Pandhu Dewanata. Karna lair saka talingane Dewi Kunthi amarga Dewi  Kunthi duwe aji Adityaherdaya mula jabang bayi kuwi paring asma Karna. Karna nalika isih bayi dilarung ing Bengawan Gangga, banjur tinemu kusir kreta Ngastina aran Adirata lan diaku putra. Minangka putrane dewa, Karna duwe kadigdayan kang linuwih.
            Ing negara Ngastina dening Duryudhana, Karna disengakake ing ngaluhur padha drajate karo satriya Ngastina liyane. Karna banjur prasapa menawa selawase urip bakal bela negara Ngastina. Karna uga nelukake negara Ngawangga banjur jumeneng ratu ananging dadi bagiyan saka negara Ngastina. Karna ajejuluk Adipati Karna utawa Adipati Basukarna.
            Sakdurunge perang Baratayuda dumadi, Kresna ngrimuk Karna supaya manunggal karo Pandhawa kanggo mbrasta ankara murka yaiku Kurawa. Karna ora gelem kudu nuhoni jejering satriya ora cidra ing janji. Dewi Kunthi nemoni Karna nyritakake menawa sejatine Pandhawa kuwi isih sedulure dewe. Senadyan ing batin Karna tresno karo para kadange Pandhawa lan uga kepingin mbrasta ankara murka nanging Karna netepi kasatriyane ora cidra ing janjine, wis mangan wulu metune bumu Kurawa, wis dimuktikake Kurawa mula tekade kudu mbales budine Kurawa. Kajaba kuwi menawa Kurawa ora ana sing ngembani dadi Senapati, Kurawa ora bakal cures. Ankara murka tetep bakal ana, mula Karna kepingin mbrasta Ankara Murka kanthi carane dhewe.
            Ing perang Baratayudha Karna Tandhing kalawan adhine dhewe yaiku Arjuna. Karna nitih kreta kang dikusiri dening marasepuhe dhewe yaiku Prabu Salya. Wondene Arjuna nitih kreta dikusiri dening Prabu Krisna. Karna lan Arjuna padha sektine, padha prigele olah panah lan jemparingan. Arjuna dipanah dening Karna migunakake panah Kunthawijayandanu lan mestine kena janggane ananging amarga kretane dicongklakake dening Salya mula panahe mleset lan kena gelunge Arjuna. Arjuna lingsem ora gelem maju perang apamaneh kang diadepi sedulure tuwa. Krisna paring wewarah Bab Kasatryane Prajurit banjur Arjuna gelem maju ing palagan. Karna gugur ing tangane Arjuna kapanah karo senjata pamungkase aran panah Pasopati. Karna gugur ing glanggang payudhan minangka satriyatama kang ngugemi sumpah lan prasetiyane.

Sumber : Mutiara Rinonce Budi Pekerti Ing Pewayangan
Dening : Suwarna Pringgawidagda lan Warih Jatirahayu

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Descriptive Text - Tanjung Puting National Park

TANJUNG PUTING NATIONAL PARK Tanjung Puting National Park is an internationally famous ecotourism destination, which is located in the southwest of Central Kalimantan peninsula. Visitors from foreign countries come to this park because of its amazing nature. This is called a park, but unlike any park that you have seen in your city, this is a jungle! It is real jungle, which is home to the most interesting animal in the world: orangutan. Though the park is home to many animals, seeing orangutans is usually the visitors’ main reason to visit the park. Orangutans, which literally mean the man of the forest, are the largest arboreal animal on the planet. Most of their lives are spent in trees where orangutans travel from branch to branch by climbing or swinging with their long arms. To see orangutans, we should go to Camp Leakey, which is located in the heart of Tanjung Puting National Park. Camp Leakey is a rehabilitation place for ex-captive orangutans and also a preserv...

Simple Past Tense - The Legend of Malin Kundang

GRAMMAR REVIEW SIMPLE PAST TENSE   Look at the except from the text below. Pay attention to words in the bold type. A long time ago, in a small village near the beach in West Sumatra lived a women and her son, Malin Kundang. Malin Kundang and his mother had to live hard because his father had passed away when he was a baby. One day, when Malin Kundang was sailing, he saw a merchant’s ship being raided by a band of pirates. With his bravery, Malin Kundang helped the merchant’s defeat the pirates. To thank him, the merchant allowed Malin Kundang to sail with him. Maling Kundang agreed in the hope to get a better a life. He left his mother alone. Many years later, Malin Kundang became wealthy. He had a huge ship and a lot of crews who worked loading trading journey, his ship landed on a coast near a small village. The local people recognized that it was Malin Kundang. Malin Kundang’s mother ran to the beach to meet the new rich merchant. She wanted to hug...

Kisah Singkat - Rudi Hartono si Maestro Pemain Bulutangkis

Aku Ingin Satu Angka Lagi                 Semua orang pasti mengetahui siapakah Rudi Hartono itu? Dia adalah legendaris badminton yang saat itu telah tujuh kali menjadi juara pertandingan bulu tangkis All England di Wimbledon, Inggris. Tetapi belum banyak orang yang mengetahui bahwa suatu ketika pahlawan bulu tangkis ini berada pada keadaan yang amat sangat terjepit.                 Kala itu Rudi Hartono harus mempertahankan gelarnya sebagai juara dunia. Ia harus menghadapi Strue Johnson, juara bulu tangkis dari Swedia. Ini adalah lawan sekaligus musuh bebuyutannya. Stadion Wimbledon pun riuh-rendah sesaat sebelum keduanya memulai pertandingan. Sementara itu, rakyat Indonesia deg-degan mendengarkan siaran langsung pertandingan melalui Radio Republik Indonesia (RRI).           ...